Wednesday, May 18, 2011

PARIKAN BEBAS (BASA JAWI)

1. Godong palem godong plasa
digawe bocah pasaran
Urip iku luwih tentrem
yen kita kudu rukun santosa

2. Ning pasar tuku rujak
ketemu artis idola
Kita ora mbayar pajak
apa sing dikata dunia

3. Tuku salak tuku markisa
menawa tuku sing sabar
Ati ora disangka-sangka
yen ketemu Justin Bieber

4. Ning warung tuku areng
yen nyusuki ora tliti
Ati lan pikiran seneng
ngundang ketawa-ketiwi

5. Mlaku-mlaku ing Jogja
mangan coklat rame-rame
Awak iku kudu dijaga
sehat iku larang regane

6. Ana melon ana semangka
dipangan bareng wong lima
Dadi wong sing sregep donga
ora ana dina tanpa doa

7. Nyambel terong nyambel teri
sing mangan weleh-weleh
Kuliah enake ing luar negri
nggayuh cita sing akeh

8. Ilat ilang, Ilang kata
ora iso ngomong sethiti
Saben wong nduwe cinta
takdir cinta sapa sing ngerti


by: Lusia Kartika Ratri

No comments: